Web Toolbar by Wibiya

Pages

Rabu, 14 Maret 2007

Teks Rantaman Adicara

Assalamu’alaikum WR.WB

Engkang kito hormati panjenenganipun
Bp.
Lurah Sukomulyo, Bapak Rudi Utomo                                                                     
Bp. RW 5, bapak Tutut Basuki
Bp.
RT 6, bapak samiran
Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh.

Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal ing
acara peringatan 17 agustus puniko.

Sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng Rosululloh SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah.

Sakderengipun acoro dipun milahi, Kulo bade maosakaen runtutaning acoro ing majlis puniko
Sepindah PAMBUKO
Kapeng kalihipun Waosan Kalam Ilahi lan Sari Tilawah
Kapeng Tigo sambutan-sambutan
Kapeng sekawan hiburan
Kapeng gangsal mbageaken hadiah
Kapeng akhir panutup

Bapak Ibu Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, monggo acoro ing ndalu puniko kito bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH/ UMMUL KITAB AL- FATIKHAH ….

Sak lajengipun monggo sareng – sareng mirengaken waosan sari tilawah engkang badhe diaturaken deneng Bapak Huda. Dumateng Bapak Huda disumanggaaken.
Kito aturaken agunge panuwun dumateng panjenenganipun Bapak Huda.

Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, acoro sak lajengipun inggih puniko sambutan.
Sambutan engkang sepindah sangking Ketua Panitia
peringatan 17 agustus. Dumateng Bapak Madi kito sumanggaken …
Kito aturaken angungeng panuwun dumateng panjenenganipun Bapak Sumadi
Acara kaping sekawan njeh meniko hiburan. Hiburan sepindah inggih meniko Tari Remo engkang badhe diaturaken deneng Putri. Dumateng Putri disumanggaakaen
Kito aturaken angungeng panuwun dumateng Putri
Acara kaping gangsal njeh meniko mbageaken hadiah. Juara kangge lomba kelereng
Juara I inggih meniko Raditya Prabaswara Warda
Juara II inggih meniko Wastu Dathu Kirana
Juara III inggih meniko Nadin Kesha Putri
Nami – nami ingkang kasebut disumanggaaken minggah panggung. Dumateng Bapak Samiran diaturi minggah panggung kangge ngaturaken hadiah dumateng para pemenang


Sak derengipun acoro ing ndalu puniko kito tutup, kulo ing mriki sak dangunipun ndereaken acoro ing ndalu puniko kathah keklintuanipun kulo nyuwun agungeng samudro pangarsami.
Monggo acoro ing ndalu puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos TAHMID ..
Wassalaamu’Alaikum WR-WB


0 komentar:

Posting Komentar

 
Welcome To Galuh's Blog, Enjoy The Blog !!! Thanks For Visit :)