Web Toolbar by Wibiya

Pages

Minggu, 22 Februari 2009

Contoh Teks Drama Bahasa Jawa


NASKAH DRAMA SEDERHANA
“ 2012 “
            Novi lan Soni kumpul – kumpul ing omahe Novi. Ibune Novi ngongkon Novi tuku beras ing warung. Novi yaiku anak tunggal dadi yo ngunu kuwi. manja, males, sakpenake dewe, lan ora tau boso marang wong tuane.
Ibu      :   “ Nak, tulung tukokno ibu beras ing warunge Bu Tono diluk nak ! “
Novi    :   “ Engko wae bu. Iki sek ono Soni nak kene. “
Ibu      :   “ Soni cek nak kene ngenteni diluk lo nak. Ndang toh nak ! Engko awan kape mangan opo wong berase wis entek. “
Novi    :  “ Engko wae toh bu. Nek gak gelem yo tuku dewe wong duwe sikil digawe melaku. “
            Ibune banjur ninggalake Novi lan Soni tuku beras ing warunge Bu Tono. Banjur ibune teko Soni wis mulih. Novi lugguh ing ngarep tv karo muring – muring.
Ibu      :   “ Lapo toh nak kok ket mau ndelok tv kok diganti – ganti terus ? “
Novi    : “ Iki loh bu ket mau acarae kok podho infotaiment sing mbahas ramalanane mama lauren yen tahun 2012 bakal kiamat. “
Ibu      :   “ Yo nak. Akhir – akhir iki akeh berita yen tahun 2012 bakal kiamat. “
Novi    :   “ Ibu ngunu iku percoyo ? Khan isik ramalan durung kenyataan. “
Ibu      :   “ Ibu setengah percoyo setengah ora nak. Kiamat khan mek gusti Allah sing ngerti nak. Ing al quran wis diterangno yen kiamat bakal kedaden dino Jumat. Kito dadi menungso kudu siap – siap amal yen bekne menesuk Jumat bakal ono kiamat. “
Novi    :   “ Wis malah ngomong tentang kiamat. Aku dolan bu ing omahe Soni. “
Ing omahe Soni
Novi    :   “ Soni soni soni dolan yuk ! “
Soni    :   ( karo ngguyu ngakak ) “ Soni loro nak. “
Novi    :  “ He tak kandani hot news. Aku mari ndelok tv karo ibu acarane tentang ramalane mama lauren yen tahun 2012 bakal ono kiamat. “
Soni    :   “ Wis kasep. Aku wis ngerti ket wingi. Ketoro gak tau ndelok tv. “
Novi    :   “ Ndeh ngenyekmu. “
Soni    :   “ Aku gak ngenyek tapi kenyataan. Wong awakmu nek ndelok tv lak acarae nek gak spongebob, shaun the sheep, nek gak ngunu yoh sinetron koyok ibu – ibu. ( karo ngguyu ngakak ) “
Novi    :   “ Arek ket mau kok ngenyek ae seh. Aku iki gak tau ndelok acara ngunu – ngunu iku. Acara sing tak delok yo koyok big movies. Gak level mbek acara spongebob, shaun the seep, opo maneh sinetron. Sorry gak level. “
            Sesuke Soni nduwe film sing judule 2012. Film iku nggambarake kahanane yen kiamat mene. Soni banjur ndelokake film iku marang Novi.
Ing Sekolahan
Soni    :   “ He nov, aku nduwe film sing judule 2012. “
Novi    : “ Film opo iku ? Gak onok film iku. Onoe film Harry Potter, Twilight,Titanic. “
Soni    :   “ Iku film ket jaman gak enak. Dikandani iki filme lagek metu durung ono seng nduwe. Aku mari ndownlad nak internet. “
Novi    :   “ Ndelok seh filme piye ? “
Soni    :   “ Iki loh. “ ( karo ngetokake komputer tablete )
Novi    :   “ Jan tenan filme medeni. Ngalah – ngalahi film si manis jembatan ancol ae. “
Soni    :   “ Makane tah ndelek nak inernet. Ndak tau internet ya ? Ndeso. Ojok ngiro nek film horor tok sing medeni.  “
Novi    :   “ Iyo ngerti sing ben dino sobo warnet. Gak koyok aku nek dolen lak nak omahmu ae sampek bosen. “
Bel melbu gemontang. Siswa – siswa podho melbu kelas nerusake pelajaran. Ing njero kelas Novi isih kepikiran marang film 2012. Sampek – sampek gurune sing nerangno gak direken.
Guru  :   “ Novi “
Novi    :  ( ndomblong )
Guru  :   “ Novi.... Novi..... Novi “
Novi    :  ( kaget ) “ Nggeh bu. Wonten nopo ? “
Guru  :   “ Mikirno opo ? Disemak pelajarane “
Novi    :   “ Nggeh bu. “
            Bel sekolah gemontang. Bocah – bocah podho rebutan metu saka kelas. Dino Iki kabeh guru rapat dadi kabeh siswane dimulihno isuk. Novi mulih melaku amarga sekolahan lan omahe cedhek. Ing dalan deweke ketemu Dewi.
Ing Dalan
Dewi   :   ( nablek saka mburi ) “ He Nov. “
Novi    :   ( kaget ) “ Iyo. Lapo ? “
Dewi   :   “ Nek melaku disawang toh. Arek kok ket mau ngelamun ae. Mikirno opo ? Mikirno aku ta ? “ ( ngguyu )
Novi    :   “ Ngawur ae. Aku iki mikirno film 2012. Filme medeni tenan. “
Dewi   :   “ Eh alah film kuwi. Gak medeni Nov. Iku tergantung arek seng ndelok. Nek areke gak siap ono kiamat yo koyok awakmu iki. “
Novi    :   “ Ngawur ae. Ndah aku kudu piye loh saiki ? “
Dewi   :   “ Awakmu kudu tobat. Dadi arek sing nurut marang wong tua, gak nakal, gak oleh njahili koncone. “
Novi    :   “ Insyaallah aku iso berubah “
            Sore iki Novi budal menyang masjid. Deweke pingin nemoni pak ustad.
Ing Masjid
Novi    :   “ Assalamualikum pak ustad. Kulo badhe nyuwun perso pak ustad.
Ustad :   “ Ono opo toh nak ? Kok sajake penting ngunu seh. “
Novi    :   “ Ngeten pak ustad. Akhir – akhir niki kulo kepikiran marang ramalan lan film 2012. Kulo ajrih sanget pak. Kados pundi ngilangaken niku wau pak ? “
Ustad :   “ Eh alah masalah ramalan kuwi toh. Awakmu kudu dadi anak sing nurut marang wong tua lah gak oleh dadi arek nakal maneh nak. Insyaallah nek awakmu shalat 5 wektu pasti rasa wedimu iku ilang nak. “
Novi    :    “ Matur suwun nggeh pak ustad. “
Ustad :   “ Iyo nak. Kudu diamalno. Sing elek ditinggsl yoh nak. “
            Sak wise banjur saka masjid lan dituturi marang pak ustad, Novi berubah. Deweke tambah sregep shalat, ngaji, lan gak mbantah yen dikongkon ibuke maneh.


TAMAT

0 komentar:

Posting Komentar

 
Welcome To Galuh's Blog, Enjoy The Blog !!! Thanks For Visit :)